Cerito Rakyat Nganggo Boso Jawi

Senin, 30 Mei 2011

JAKA TARUB

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.



Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.

Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.

Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.


Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/08/jaka-tarub.html

Sunan Kudus

Sunan Kudus dilairaké kanthi asma Jaffar Shadiq, putra saka pasangan Sunan Ngudung, (panglima perang Kasultanan Demak Bintoro), lan Syarifah, adik saka Sunan Bonang. Sunan Kudus séda kira-kira taun 1550.

Sunan Kudus naté njabat minangka panglima perang ing Kasultanan Demak, lan jroning mangsa pamaréntahan Sunan Prawoto, dadi penasihaté Arya Penangsang. Saliyané minangka panglima perang Kasultanan Demak, Sunan Kudus uga njabat minangka hakim pengadilan Kasultanan Demak.

Jroning ngayahi dakwah panyebaran Islam ing Kudus, Sunan Kudus migunakaké sapi minangka sarana penarik masarakat supaya teka lan ngrungokaké dakwahé. Sunan Kudus uga mbangun Menara Kudus sing dadi gabungan kabudayan Islam lan Hindhu sing uga ana mesjidé sing jenengé Masjid Menara Kudus.

Ing taun 1530, Sunan Kudus ngadegaké mesjid ing désa Kerjasan, Kudus Kulon, sing saiki misuwur kanthi jeneng Masjid Agung Kudus lan isih ana nganti saiki. Masjid Agung Kudus saiki dumunung ana ing alun-alun kutha Kudus, Jawa Tengah. Paninggalan liya Sunan Kudus yaiku panyuwuné marang masarakat supaya ora mbel kéwan kurban sapi jroning perayaan Idul Adha kanggo ngurmati masarakat penganut agama Hindhu lan ngganti kurban sapi nganggo kurban kebo. Pesen iki isih akèh ditaati déning masarakat Kudus nganti saiki.

http://jv.wikipedia.org/wiki/Sunan_Kudus

Roro Mendut

Rara Mendut utawa Pranacitra-Rara Mendut iku crita novel sejarah klasik ing tlatah Jawa Tengah. Jaman dhisik ing kadipaten Pathi ana 2 desa yaiku desa Rogowangsan lan desa Juwanalan, Ing Rogowangsan ana sawijining kenya kang jenenge Rara Mendhut, dene ing Juwanalan ana pemudha kang jenenge Pranacitra, kekarone nganakake sesambungan tresna. Kadhipaten Pathi wektu iku ing ngisore kekuasaane Majapahit. Amarga kudu setor upeti kang abot, mula kadhipaten Pathi ora gelem asok upeti maneh saengga saka kraton MAjapahit ngutus Tumenggung Wiraguna supaya nglurug menyang Pathi lan amarga PAthi ngeyel mula perang ora bisa diendhani maneh, Kadipaten Pathi kalah lan kudu setor putri boyongan lan salah sijine Rara Mendhut, nanging Rara Mendhut malah disenengi dhewe karo Tumenggung Wiraguna lan arep didadekake garwa. Rara mendut digawa menyang Majapahit,Pranacitra meneng - meneng melu ngawula ing daleme Tumenggung Wiraguna lan didadekake juru taman. Rara mendut lan pranacitra nganakake sesambungan kanthi sesidheman, nanging konangan karo Wiraguna, banjur padha mlayu lan kecekel, mulla pranacitra lan Wiraguna perang tandhing lan dimenangke Wiraguna, Pranacitra dipateni lan Rara Mendhut banjur suduk salira, lan kekarone dikubur saluwang

Carita Aji Saka

Carita Aji Saka iku nyritakaké Aji Saka saka India sing mara ing Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti rong panakawané sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Loroné mati amerga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.

Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:

  • http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/b/ba/Hanacaraka01.png/120px-Hanacaraka01.png

Hana caraka

  • http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/6/64/Datasawala02.png/120px-Datasawala02.png

data sawala

  • http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/a/ad/Padhajayanya03.png/120px-Padhajayanya03.png

padha jayanya

  • http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/e/e7/Magabathanga04.png/120px-Magabathanga04.png

maga bathanga

ha na ca ra ka

da ta sa wa la

pa dha ja ya nya

ma ga ba tha nga

Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:

"Hana caraka" tegesé "Ana utusan"

"Data sawala" tegesé "Padha garejegan"

"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"

"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".

Sinopsis

Versi sing kapacak ing ngisor iki miturut vèrsi ing buku Layang Hanacaraka anggitan Darmabrata (1939):

Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong sakan Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa.

Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.

Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.

Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswané. Para siswané padha tresna marang Aji Saka amerga dhèwèké seneng tetulung.

Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran dipèk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswané Aji Saka.

Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi dhaharané.

Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget. Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata Cengkar.

Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné, yaiku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu dhéwé.

Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé. Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.

Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka. Déné patihé isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.

Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang prabu kèngetan abdiné sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriyé wartané si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwé ora krungu apa-apa.

Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustiné wis jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.

Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé. Si Sambada ditilapaké. Banjur mangkat ijèn waé. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali déning si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsané sang prabu.

Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké.

Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yèn mentas sowan gustiné. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.

Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.

Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si Sembada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.

Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku.

Kasultanan Demak

Kasultanan Demak dibangun déning Raden Patah taun 1481 M utawa 1403 taun Saka. Dhaérah iki sadurungé dadi bagéan saka Krajan Majapahit nanging wektu kedadéyan perang sedulur ing Majapahit taun 1478, pusat krajan Majapahit dipindhah menyang Keling, banjur pindhah manèh menyang Daha.

Raja-raja

Demak ambruk

Sapungkuré Sultan Trenggana taun 1546 ing paprangan penaklukan dhaérah Pasuruan, tahta Demak dadi rebutan. Sunan Prawata sing munggah dadi Sultan ditentang akèh wong klebu para adipati, antara liya Pangéran Séda Lèpèn adiné Sultan Trenggana. Adipati Jipang yaiku Arya Penangsang uga sing mèlu nentang Sunan Prawata. Sunan Prawata pungkasané tiwas déning Aria Penangsang.

Arya Penangsang munggah dadi panguwasa nanging uga ditentang akèh wong ing antarané Adipati Pajang yaiku Jaka Tingkir. Jaka Tingkir sing uga mantu Sultan Trenggana ngrasa yèn garwané luwih duwé hak tahta kasultanan tinimbang Arya Penangsang. Jaka Tingkir banjur mbangun koalisi karo Ki Ageng Pemanahan lan Sutawijaya, koalisi iki kasil nyingkiraké Arya Penangsang lan Kasultanan Demak wusanané ambruk.

Jaka Tingkir mbangun Kasultanan Pajang, dhaérah Demak dadi bagéan saka Kasultanan Pajang. Jaka Tingkir nyandhang gelar Sultan Hadiwijaya.

Krajan Majapait

Karajan Majapait wiwit dibangun taun 1293 M ing Jawa Wetan. Karajan iki nguasani mèh kabèh pulo Jawa, Madura, Bali, lan dhaerah liyane ing Nusantara. Majapait iki karajan gedhé pungkasan sing nganut agama Hindu-Buddha ing Nusantara. Pusat karajaan iki ana ing dhaerah sing saiki kalebu Kecamatan Trowulan, Mojokerto.

Sajarah

Taun 1292 Singasari dikuwasani keturunan kraton Kediri yaiku Jayakatwang. Salah sawijining keturunan Singasari, Raden Wijaya, sumingkir menyang Pulo Madura. Ing pulo iku, Wijaya antuk pramayoga déning sing baureksa Madura, yaiku Aria Wiraraja, supaya éthok-éthok ngabdi karo Jayakatwang.

Jayakatwang nampa Wijaya lan kanugrahan lemah ing tlatah Tarik sing isih awujud alas. Tarik iki dadi cikal bakal kraton Majapahit.

Ing pungkasan taun 1293, Wijaya migunakaké prajurit Kubilai Khan sing arep nyerang Singasari (Kertanegara), gabungané prajurit Cina karo Wijaya iki bisa ngalahaké Jayakatwang sing déning prajurit Cina dikira Kertanegara. Raden Wijaya uga ngalahke prajurit Kubilai Khan wektu acara pesta kamenangan musuh Jayakatwang.

Raja-raja

0 komentar:

Posting Komentar